User Menu
Main Menu

Tombo ngantuk

donat
donat Sr., pada 30 Juli 2012, 21.14
di Tanya & Jawab

Paijo ambek bojone mari mangan bengi-2 ndik restoran. Pas nang parkiran bojone ngelingno Paijo nek deweke apene ulang tahun wulan ngarep...

Bojo : Mas awakmu eling tah nek aku ultah wulan ngarep iki?
Paijo: Yo eling tah dik ...
Bojo : Lah nek ngono apene ngado aku opo loh, aku penasaran pengen eroh. mas..
Paijo: Ahh .. Engkok ae tah dik, ben kejutan... Mosok saiki tak kandhani seh..

Bojo : Waduh nggarakno penasaran ae peno iku.... Wis saiki ae tah, kandanono bocorane sak uprit ae..
Paijo: Yo wis nek ngono. Dik, awakmu kethok mobil BMW abang nang pojokan iku tah...??? Bojone Paijo langsung mendelik motone, ambek ambegan tratapan siji loro, sikile gemeteran... Paijo langsung didekep rapet sampek meh semaput.
Bojo : Wuik ... Mas,.. sampeyan koq ngguantheng temenan... Aku gak nyongko cinta sampeyan koyok ngono nang aku ....

Paijo: (ambek ngelus2 rambut bojone).. Yo iku dik wernone daster sing apene tak tukokno kanggo kado awakmu...!
Bojo : :cry: :cry: :cry:


Silakan login atau mendaftar untuk mengirim komentar

Loading...

© backpackerindonesia.com